Selamat Datang

SELAMAT DATANG semoga Anda nyaman di blog sederhana ini semoga tidak membosankan

Jumat, 05 Juni 2015

Wawancara Melamar Kerja

"Wawancara Kerjo jaman saiki tambah angel"
B : Kowe duwe omah opo ora?
C : dereng.
B : kowe ora ketompo nang kene ;
C : Lho kok ngaten?
B : Mengko kowe mesti ngajokke utang nang perusahaan.
C : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
B : malah ora ketompo
C : Lho kok ngaten?
B : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan,nongkrang nongkrong wae, chatting terus.
B : Kowe duwe motor opo ora?
C : Mboten.
B : Ora ketompo
C : Lho kok mboten? ;
B : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
C : Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto mriki.
B : Wah ora ketompo. ;
C : lho kok ngoten?
B : Tempat parkire wis kebak.
B : Kowe wis lulus sarjana tenan?
C : sampun pak.
B : Ora ketompo, kene golek sing SMA ae luwih manutan lan mbayare murah. ;
C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
B : Malah ra ketompo.
C : Lho kados pundi to?
B : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.
B : Kowe seneng guyon ora?
C : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe ;
B: Ra ketompo.
C : welha...kok ngoten?
B : Engko konco2mu lan anak buahmu podho stress. ;
C : Sakjane nggih sekedhik2 seneng guyon.
B : Malah ora ketompo.
C : Lho kok?
B : ngko gaweanmu mung ndagel marahi nguyu terus ora podo kerjo.
B : Anakmu akeh opo sithik ?
C : Kathah pak ;
B : ora ketompo
C : Sebabipun ?
B : Nyambut gawemu ora tenanan mung mikir gawe anak terus &
C : Lha wong namung anak adopsi, kok. ;
B : Tambah ora ketompo
C : Lho
B : Gawe anak wae aras2en, opo maneh nyambut gawe
B : Kowe iso Internet ?
C : mBoten
B : ora ketompo
C : Sebabipun ?
B : Perusahaan ora nompo Buta Internet
C : sakjanipun nggih saget
B : Tambah ora ketompo
C : lha kok?
B : ngko gaweanmu mung update status sing lucu.
B : Kowe waras?
C: waras to Pak.
B : Ra ketompo.
C : Kenging nopo?
B : mengko kowe ora krasan nang kene.
C : sakniki pun Edan nggatekne sampean.

0 komentar:

Posting Komentar